Oke kali ini aku bingung mau post apa. Nah jadi aku mau post teks drama Bahasa Jawa. Ini sih dapet insspirasi dari internet juga. Tapi juga udah banyak pengeditan. Yang lagi dapet tugas, mau cari inspirasi, boleh lah liat ini
BAWANG LAN BRAMBANG
Kocap kacarita, ing salah
sawijining desa ana salah satunggaling kluarga kang urip tentrem, lan makmur.
Kluarga kuwi yaiku kluargane Pak Budi. Pak Budi kagungan garwa kang ayu, sabar
lan pangerten. Pak Budi uga kagungan putri kang ayune ngalahi widadari, lan
duweni sifat kaya ibune. Nanging Ing
sawijining dino ibune Bawang Putih gerah.
Bu Budi
: “bawang anak ku, (uhuk..uhukk) ibu pesen, bapak dijaga lan dirawat nggih,”
Bawang : “Huhuhu,, ibu…. Ibu… Ibu ojo ninggalno aku bu…. ”
Bu Budi :
“Dadi bocah sing apik, ya, Nduk.. Supaya bisa nyenengke atine bapak.. Pak ki
anakmu yo dijogo yo, dirawat tenanan”
Pak Budi :
“Aja ngomong ngono buk..”
Bu Budi :
“A..aa..kkuu.. Tres..Naa.. Kowe Pak, Nduk..” (Mati)
Bawang :
“IBUK!!”
Pak Budi & Bawang : “Bu… tangi
bu (Goyang-goyangke Bu Budi)
Sapaninggale Bu Budi, Bawang namung
urip karo bapakne. Nanging, 4 sasi sakwise Bu Budi tilar donya, Pak Budi nikah
karo Bu Rana. Bu Rana kuwi randa sing urip karo anak samata wayange yaiku Brambang.
Nanging sak wise bapake nikah karo Bu Rana, uripe Bawang berubah. Ora dadi
luwih apik, ananging sawalike. Bu Rana lan Brambangmesti ngekon-ngekon Bawang
nglakoni apa wae. Nyapu, ngumbahi, asah-asah, masal, malah kaya-kaya Bawang
kuwi dadi kacunge Brambang karo ibune.
Ibu Tiri :
“Lho, . Bawang neng ngendi yo, kok ora kethok rupane yo! (karo ndeloki kiwo
tengen) Wang… bawang …! kowe neng ngendii !! dicelukke ket mau kok ora ndang
mrene.
Pak Budi : “opo to iki kok mbengok-mbengok (bingung).”
Ibu Tiri :
“e..lha dalah Bapak tho, kapan le kundhur pak, kula mboten ngertos e menawi
bapak sampun kundhur.
Pak Budi :
“Pancen bapak mau ora ngucap salam,masalahe krungu ibuk bengak-bengok nyeluki
Bawang Putih. Lha si Bawang Putih neng ngendi he bu.? Lak ora nopo-nopo to
deke.? (bingung).”
Ibu Tiri :
“Ora ngopo-ngopo kok pak, ora usah kuwatir Ibu wedhi Bawang Putih nak nganti
ngopo-ngopo,
Brambang : “ee…
lha dalah la iku bawang nembe bakda tilem niku lo, pak. “
Pak Budi :
“Ya awes. Bapak arep budhal mergawe dhisik ya. Bawang sing pinter ya nduk ning
omah ngewangi ibuk lan mbak yu mu”
Bawang :
“Inggih pak”
Pak Budi :
“Assalamualaikum..”
Bareng : “Waalaikumsalam…”
Ibu Tiri
: “Kowe ket mau ki neng ndi wae, tak celuki ora ndang moro? (narik lan njorokke
Bawang Putih).
Bawang :
“Injih bu ,kula nembe wau tilem dadose mboten radi miring suarane ibu….”
Ibu Tiri :
“Ya wes, saiki klambi sing reget kae umbahen ning kali? Ojolali,sak durunge ibu
bali kumbahan mau kudu wes resik kabeh lan omah iki kudu wes resik meneh!
Ngerti ora kowe….!
Bawang :
“Inggih bu, kula ngertos.”
Brambang :
“Iki pisan klambiku yo ndang diumbah!”
Ibu Tiri :
“Yo uwis, nunggu opo meneh ? cepet lang mangkat”
Ing Kerajaan Njomplangan, Ibunda
ratu lagi bingung mikirke nasib kerajaan sing lagi dipimpin. Deweke bingung
banget, merga deweke wis tuwa lan saiki lagi lara. Deweke banjur nyeluk tabib
kerajaan.
Pangeran : “Pripun pak kahananipun Ibunda?
Tabib :
“yuswanipun kanjeng Ratu manawi miturut prakiraan kula namung gari 49 dinten.”
Pangeran : “opo???”
Tabib : “mboten sah kawatir pangeran, taksih wonten 1 cara
malih.”
Pangeran :
“Napa niku Pak Bib? kepiye carane, pokok e bundaku kudhu selamet. Cepet Pak
Bib, kula diandhani.. huhu ibunda”
Tabib :
“Sabar to den. Ngene, panjenengan kedhah nggawe obat saka 3 godong, yaiku
godong kolonjono, ciplukan lan tapak dara ing kurun wekdal 49 dina.”
Pangeran : “ Hmm.. ambu-ambune kok angel temen yo, Pak Bib..?”
Tabib : “Lha mboten onten cara liyane maneh jhe..”
Pangeran :
“Pak tabib, mbenjing kersa ngancani kula, nggolek godhong 3 wau?”
Tabib : “Inggih den”
Ing panggon liya, Bawang mangkat neng kali ameh ngumbahi klambi seng
reget mau.
Bawang :
“Duh Gusti, kapan aku bisa urip kepenak?. Esuk wis mangsak, asah-asah,
njerengi, awan nyapu, sore mangsak meneh, mbengi mijeti Ibu lan Mbak yu ku, Huhuhu,,
malang kian nasibku..
Sawise rampung ngumbahi, Bawang
banjur bali mulih. Ing ndalan, deweke nemu kembang ingkang apik banget.
Bawang :
“Hhh,,(menghela nafas), akhire rampung le ngumbah klambi. Eh ? Wah, ono
kembang. Kembang opo yo iki? Uapiik tenan ck,ck,ck.. Hmm,, ora ono sik duwe to
iki? (clingak-clinguk). Tak gawane bali ah. Lalalalala...”
Bawang banjur njabut kembang mau
lan digawa bali. Tekan ngomah, Kembang kuwi mau banjur ditandur ing ngarep
omah. Mung jarak sak wengi wae, kembang mau tukul dadi wit kang dhuwure
setengah meter, lan nduweni godhong kang apik bentuke.
Tabib :
“Pangeran, kita sampun madosi godong nganti 39 dinten, taksih kirang godong
tapak dara. Pripun niki?”`
Pangeran : “Ra pa pa, sing penting usaha sik, ojo nyerah”
Tabib :
“Inggih,. Pangeran Niku enten ndeso, menawi kita nyobi pados dateng mrika
pripun ?”
Pangeran :
“Inggih pak tabib”
Tabib lan Pangeran ngubengi desa
itu, saben omah ditekani, nganthi pucuke desa sing paling pucuk, godhong sing
ke 3 ora ketemu-ketemu. Akhire, Tabib lan Pangeran tekan ing omahe Bawang.
Tabib :
“Assalamu’alaikum .. (dodok-dodok lawang)”
Brambang :
“ya, sediluk. Ehm,, ehm,, wonten punapa nggih ?
Pangeran :
“Mekaten, kula badhe tanglet . Ing ngajeng punika wit kembang e sinten (nunjuk
wit kembang) ?”
Ibu tiri :
“Loh loh? Iki Pangeran Samber Gludhuk saking kerajaan Njomplangan to? Wonten
kersa punapa kok mampir dalem kula?”
Pangeran :
“Mekaten bu, kula badhe tanglet punika wit kembange sinten?”
Ibu tiri
: “oh niku nggene anak kula. Wonten opo to?”
Pangeran :
“menawi wit kembang niku kula tumbas pripun?”
Ibu tiri :
“ora usah ditumbas, niku nggene anak kula si Brambang kok. Iyo ora ndhuk? Oleh to?”
Brambang :
“oh inggih bu. Mboten napa-napa.”
Pangeran :
”matur nuwun sanget nggih.”
Bawang Abang banjur nyoba njabut wit kembang kui mau, nanging ora bisa.Dijajal
nganthi tangane puanas nass nass, wit kembang mau tetep ora bisa kecabut.
Ujuk-ujuk Bawang Putih teka saka alas, deweke bingung, kenapa akeh uwong nang
ngarep omahe.
Bawang : “Njenengan meh ngapa mbak yu?”
Brambang :
“huzz, wis kowe menengo wae, iki wit kembangku, iki urusanku. Kowe ki mung
kacung.. Ra pantes..”
Tabib :
“pripun mbak? saged mboten nggih ? Menawi niku mboten nggene panjenengan wit
kembang niku mboten saged di jabut. Cobi mbak e niku wau mawon.”
Brambang :
“ha ora mungkin,, kuwi cetha gonaku ! Masa cah mbel gedhes kaya Putih isa..
Hilih..”
Tabib : “nyobi mawon rumiyin.”
Bawang Putih: “Monggo Pangeran,
niki wit kembange”
Pangeran :
“inggih,matur suwun nggih cah ayu. Heh!! Sing klambi abang.. Mesti kowe mung
ngaku-aku.. Ya tha??) Ketok nek mbujuk.
Sauwise ngucapke matur nuwun
kalih Bawang Putih, Pangeran lan Tabib balik ing Kerajaan Njomplangke.
Ning kerajaan....
Pangeran : “Pak Bib, menika godong sing dibutuhaken sampun ketemu
sedaya.”
Tabib : “Oh ya, kene kene, tak godhoge”
Tabib :
“Niki Pangeran, ramuane sampun dados. Sampun saged diunjuk kaliyan Ibunda Ratu”
Pangeran : “Oh ya Pak Bib, kene kene”
Pangeran : “Ibunda, monggo diunjuk ramuane”
Sawise ngombe ramuan saka 3
godong mau. Ibunda Ratu banjur mari saka penyakite.
Ibunda Ratu : “Le, aku pengen ketemu karo wong sing duwe
wit kembang iku mau?
Pangeran : “Lha, wonten punapa ta Bu ?”
Ibunda Ratu :
“Aku pengen ndadekake deweke dadi mantuku, amarga wis bisa nylametake uripku.
Kowe nek ya gelem ta Le? “
Pangeran :
“kersa sanget bu.. Wong aku kuwi wis tresna
wiwit kepisan pethuk.. Hehe..”
Ibunda Ratu : “Ealah anakku wis ngenal tresna.. Ya
wis.. Ndang siyap-siyap nggo nglamar de’e..”
Sawise kui mau, Ibunda Ratu lan Pangeran teka nglamar Bawang Putih.
Brambang Abang lan ibune meri banget.
Ibunda Ratu :
“Oalah iki to Pretty Girl-mu.. Cen ayu.. Nah nek sing nang mburine kae sapa
tha?”
Pangeran :
“iku Brambang. Mbuh kuwi sapane.. Ning gaweane ngatur-ngatur.. Ah yow is sing
penting aku arep nglamar bawang”
Brambang : “Wah Pangeran arep nglamar aku.. Aduhh..”
Pangeran :
“Woo GR.. Putih kale… Bawang Putih.. Aku tresna karo sliramu.. Gelem ora dadi
pacarku??” (Bawang Putih gedhek)
Ibunda Ratu : “Hayo jelas ora gelem.. Kan geleme dadi
bojomu..”
Pangeran : “Putih.. Aku pengin kowe dadi garwaku?”
Bawang : “Aku gelem kok pangeran..”
Ibu Tiri :
“Sek, sek… Lha aku karo anakku ditinggal nang omah iki.. Trus kowe nang
istana?? Yo ra trimo.. Aku ki mbokmu lho, bawang..”
Pangeran :
“Ibune?? Lha kok mbiyen kae mbentak-mbentak.. Ngakon-akon bawang.. Berarti
mbiyen Putih padha disia-siano?? Ya uwis, Brambang karo Ibune ben nang kene
wae.. Aku karo bawang ae sing ning istana”
Sabanjure Bawang Putih diboyong
ing Kerajaan Njomplangke. Bawang Putih lan Pangeran urip tentrem, ayem.