Teks Drama Bahasa Jawa

by 17.10 0 komentar
Oke kali ini aku bingung mau post apa. Nah jadi aku mau post teks drama Bahasa Jawa. Ini sih dapet insspirasi dari internet juga. Tapi juga udah banyak pengeditan. Yang lagi dapet tugas, mau cari inspirasi, boleh lah liat ini

BAWANG LAN BRAMBANG
Kocap kacarita, ing salah sawijining desa ana salah satunggaling kluarga kang urip tentrem, lan makmur. Kluarga kuwi yaiku kluargane Pak Budi. Pak Budi kagungan garwa kang ayu, sabar lan pangerten. Pak Budi uga kagungan putri kang ayune ngalahi widadari, lan duweni sifat kaya ibune. Nanging Ing sawijining dino ibune Bawang Putih gerah.
Bu Budi       : “bawang anak ku, (uhuk..uhukk) ibu pesen, bapak dijaga lan dirawat nggih,”
Bawang       : “Huhuhu,, ibu…. Ibu… Ibu ojo ninggalno aku bu…. ”
Bu Budi         : “Dadi bocah sing apik, ya, Nduk.. Supaya bisa nyenengke atine bapak.. Pak ki anakmu yo dijogo yo, dirawat tenanan”
Pak Budi       : “Aja ngomong ngono buk..”
Bu Budi         : “A..aa..kkuu.. Tres..Naa.. Kowe Pak, Nduk..” (Mati)
Bawang        : “IBUK!!”
Pak Budi & Bawang                   : “Bu… tangi bu (Goyang-goyangke Bu Budi)
Sapaninggale Bu Budi, Bawang namung urip karo bapakne. Nanging, 4 sasi sakwise Bu Budi tilar donya, Pak Budi nikah karo Bu Rana. Bu Rana kuwi randa sing urip karo anak samata wayange yaiku Brambang. Nanging sak wise bapake nikah karo Bu Rana, uripe Bawang berubah. Ora dadi luwih apik, ananging sawalike. Bu Rana lan Brambangmesti ngekon-ngekon Bawang nglakoni apa wae. Nyapu, ngumbahi, asah-asah, masal, malah kaya-kaya Bawang kuwi dadi kacunge Brambang karo ibune.
Ibu Tiri         : “Lho, . Bawang neng ngendi yo, kok ora kethok rupane yo! (karo ndeloki kiwo tengen) Wang… bawang …! kowe neng ngendii !! dicelukke ket mau kok ora ndang mrene.
Pak Budi      : “opo to iki kok mbengok-mbengok (bingung).”
Ibu Tiri         : “e..lha dalah Bapak tho, kapan le kundhur pak, kula mboten ngertos e menawi bapak sampun kundhur.
Pak Budi      : “Pancen bapak mau ora ngucap salam,masalahe krungu ibuk bengak-bengok nyeluki Bawang Putih. Lha si Bawang Putih neng ngendi he bu.? Lak ora nopo-nopo to deke.? (bingung).”
Ibu Tiri         : “Ora ngopo-ngopo kok pak, ora usah kuwatir Ibu wedhi Bawang Putih nak nganti ngopo-ngopo,
Brambang    : “ee… lha dalah la iku bawang nembe bakda tilem niku lo, pak. “
Pak Budi      : “Ya awes. Bapak arep budhal mergawe dhisik ya. Bawang sing pinter ya nduk ning omah ngewangi ibuk lan mbak yu mu”
Bawang       : “Inggih pak”
Pak Budi      : “Assalamualaikum..”
Bareng        : “Waalaikumsalam…”
Ibu Tiri         : “Kowe ket mau ki neng ndi wae, tak celuki ora ndang moro? (narik lan njorokke Bawang Putih).
Bawang       : “Injih bu ,kula nembe wau tilem dadose mboten radi miring suarane ibu….”
Ibu Tiri         : “Ya wes, saiki klambi sing reget kae umbahen ning kali? Ojolali,sak durunge ibu bali kumbahan mau kudu wes resik kabeh lan omah iki kudu wes resik meneh! Ngerti ora kowe….!
Bawang       : “Inggih bu, kula ngertos.”
Brambang    : “Iki pisan klambiku yo ndang diumbah!”
Ibu Tiri         : “Yo uwis, nunggu opo meneh ? cepet lang mangkat”
Ing Kerajaan Njomplangan, Ibunda ratu lagi bingung mikirke nasib kerajaan sing lagi dipimpin. Deweke bingung banget, merga deweke wis tuwa lan saiki lagi lara. Deweke banjur nyeluk tabib kerajaan.
Pangeran     : “Pripun pak kahananipun Ibunda?
Tabib           : “yuswanipun kanjeng Ratu manawi miturut prakiraan kula namung gari 49 dinten.”
Pangeran     : “opo???”
Tabib           : “mboten sah kawatir pangeran, taksih wonten 1 cara malih.”
Pangeran     : “Napa niku Pak Bib? kepiye carane, pokok e bundaku kudhu selamet. Cepet Pak Bib, kula diandhani.. huhu ibunda”
Tabib           : “Sabar to den. Ngene, panjenengan kedhah nggawe obat saka 3 godong, yaiku godong kolonjono, ciplukan lan tapak dara ing kurun wekdal 49 dina.”
Pangeran     : “ Hmm.. ambu-ambune kok angel temen yo, Pak Bib..?”
Tabib           : “Lha mboten onten cara liyane maneh jhe..”
Pangeran     : “Pak tabib, mbenjing kersa ngancani kula, nggolek godhong 3 wau?”
Tabib           : “Inggih den”
Ing panggon liya, Bawang mangkat neng kali ameh ngumbahi klambi seng reget mau.
Bawang       : “Duh Gusti, kapan aku bisa urip kepenak?. Esuk wis mangsak, asah-asah, njerengi, awan nyapu, sore mangsak meneh, mbengi mijeti Ibu lan Mbak yu ku, Huhuhu,, malang kian nasibku..
Sawise rampung ngumbahi, Bawang banjur bali mulih. Ing ndalan, deweke nemu kembang ingkang apik banget.
Bawang       : “Hhh,,(menghela nafas), akhire rampung le ngumbah klambi. Eh ? Wah, ono kembang. Kembang opo yo iki? Uapiik tenan ck,ck,ck.. Hmm,, ora ono sik duwe to iki? (clingak-clinguk). Tak gawane bali ah. Lalalalala...”
Bawang banjur njabut kembang mau lan digawa bali. Tekan ngomah, Kembang kuwi mau banjur ditandur ing ngarep omah. Mung jarak sak wengi wae, kembang mau tukul dadi wit kang dhuwure setengah meter, lan nduweni godhong kang apik bentuke.
Tabib           : “Pangeran, kita sampun madosi godong nganti 39 dinten, taksih kirang godong tapak dara. Pripun niki?”`
Pangeran     : “Ra pa pa, sing penting usaha sik, ojo nyerah”
Tabib           : “Inggih,. Pangeran Niku enten ndeso, menawi kita nyobi pados dateng mrika pripun ?”
Pangeran     : “Inggih pak tabib”
Tabib lan Pangeran ngubengi desa itu, saben omah ditekani, nganthi pucuke desa sing paling pucuk, godhong sing ke 3 ora ketemu-ketemu. Akhire, Tabib lan Pangeran tekan ing omahe Bawang.
Tabib           : “Assalamu’alaikum .. (dodok-dodok lawang)”
Brambang    : “ya, sediluk. Ehm,, ehm,, wonten punapa nggih ?
Pangeran     : “Mekaten, kula badhe tanglet . Ing ngajeng punika wit kembang e sinten (nunjuk wit kembang) ?”
Ibu tiri         : “Loh loh? Iki Pangeran Samber Gludhuk saking kerajaan Njomplangan to? Wonten kersa punapa kok mampir dalem kula?”
Pangeran     : “Mekaten bu, kula badhe tanglet punika wit kembange sinten?”
Ibu tiri         : “oh niku nggene anak kula. Wonten opo to?”
Pangeran     : “menawi wit kembang niku kula tumbas pripun?”
Ibu tiri         : “ora usah ditumbas, niku nggene anak kula si Brambang kok. Iyo ora ndhuk? Oleh to?”
Brambang    : “oh inggih bu. Mboten napa-napa.”
Pangeran     : ”matur nuwun sanget nggih.”
Bawang Abang banjur nyoba njabut wit kembang kui mau, nanging ora bisa.Dijajal nganthi tangane puanas nass nass, wit kembang mau tetep ora bisa kecabut. Ujuk-ujuk Bawang Putih teka saka alas, deweke bingung, kenapa akeh uwong nang ngarep omahe.
Bawang       : “Njenengan meh ngapa mbak yu?”
Brambang    : “huzz, wis kowe menengo wae, iki wit kembangku, iki urusanku. Kowe ki mung kacung.. Ra pantes..”
Tabib           : “pripun mbak? saged mboten nggih ? Menawi niku mboten nggene panjenengan wit kembang niku mboten saged di jabut. Cobi mbak e niku wau mawon.”
Brambang    : “ha ora mungkin,, kuwi cetha gonaku ! Masa cah mbel gedhes kaya Putih isa.. Hilih..”
Tabib           : “nyobi mawon rumiyin.”
Bawang Putih: “Monggo Pangeran, niki wit kembange”
Pangeran     : “inggih,matur suwun nggih cah ayu. Heh!! Sing klambi abang.. Mesti kowe mung ngaku-aku.. Ya tha??) Ketok nek mbujuk.
Sauwise ngucapke matur nuwun kalih Bawang Putih, Pangeran lan Tabib balik ing Kerajaan Njomplangke.
Ning kerajaan....
Pangeran     : “Pak Bib, menika godong sing dibutuhaken sampun ketemu sedaya.”
Tabib           : “Oh ya, kene kene, tak godhoge”
Tabib           : “Niki Pangeran, ramuane sampun dados. Sampun saged diunjuk kaliyan Ibunda Ratu”
Pangeran     : “Oh ya Pak Bib, kene kene”
Pangeran     : “Ibunda, monggo diunjuk ramuane”
Sawise ngombe ramuan saka 3 godong mau. Ibunda Ratu banjur mari saka penyakite.
Ibunda Ratu : “Le, aku pengen ketemu karo wong sing duwe wit kembang iku mau?
Pangeran     : “Lha, wonten punapa ta Bu ?”
Ibunda Ratu : “Aku pengen ndadekake deweke dadi mantuku, amarga wis bisa nylametake uripku. Kowe nek ya gelem ta Le?  “
Pangeran     : “kersa sanget bu..  Wong aku kuwi wis tresna wiwit kepisan pethuk.. Hehe..”
Ibunda Ratu : “Ealah anakku wis ngenal tresna.. Ya wis.. Ndang siyap-siyap nggo nglamar de’e..”
Sawise kui mau, Ibunda Ratu lan Pangeran teka nglamar Bawang Putih. Brambang Abang lan ibune meri banget.
Ibunda Ratu : “Oalah iki to Pretty Girl-mu.. Cen ayu.. Nah nek sing nang mburine kae sapa tha?”
Pangeran     : “iku Brambang. Mbuh kuwi sapane.. Ning gaweane ngatur-ngatur.. Ah yow is sing penting aku arep nglamar bawang”
Brambang    : “Wah Pangeran arep nglamar aku.. Aduhh..”
Pangeran     : “Woo GR.. Putih kale… Bawang Putih.. Aku tresna karo sliramu.. Gelem ora dadi pacarku??” (Bawang Putih gedhek)
Ibunda Ratu : “Hayo jelas ora gelem.. Kan geleme dadi bojomu..”
Pangeran     : “Putih.. Aku pengin kowe dadi garwaku?”
Bawang       : “Aku gelem kok pangeran..”
Ibu Tiri         : “Sek, sek… Lha aku karo anakku ditinggal nang omah iki.. Trus kowe nang istana?? Yo ra trimo.. Aku ki mbokmu lho, bawang..”
Pangeran     : “Ibune?? Lha kok mbiyen kae mbentak-mbentak.. Ngakon-akon bawang.. Berarti mbiyen Putih padha disia-siano?? Ya uwis, Brambang karo Ibune ben nang kene wae.. Aku karo bawang ae sing ning istana”

Sabanjure Bawang Putih diboyong ing Kerajaan Njomplangke. Bawang Putih lan Pangeran urip tentrem, ayem.

Unknown

Developer

Cras justo odio, dapibus ac facilisis in, egestas eget quam. Curabitur blandit tempus porttitor. Vivamus sagittis lacus vel augue laoreet rutrum faucibus dolor auctor.

0 komentar:

Posting Komentar